Basa Jawa lan Tulisan Latin
Dening Setya Amrih Prasaja

Ana ing jaman kang wis sarwa maju iki, akeh wong jawa kang lali lan ora bisa migunakake basa jawa kanthi bener uga pener. Dene kang dadi prihatine sutrisna basa lan kabudayan jawa, akeh tetembungan lan ukara basa jawa ditulis tanpa nggatekake wawaton utawa uger-ugere, dadi malah ketok lucu tur wagu. Ana ing tulisan iki, kula cobi paring sawarnaning tuladha bab panulising tembung lan ukara basa jawa kang baku lan pancen kudu kaya mangkono. Sejatine bab anane fenomena panulise tembung lan ukara basa jawa kang ora jumbuh karo uger-uger mono ora bisa kaanggep entheng, awit yen ora enggal-enggal antuk kawigatenan bisa malah dadi amburadul. Dene mula bukane padha kleru salah sawijining sebab ya kuwi merga akeh brayat jawa sing wis padha ora ngerti aksara jawa saksandangane, dene sebab liyane bisa uga ngentengke basa jawa tegese nyepelekake panulising tembung jawa sajroning aksara latin.  Basa jawa kuwi nduweni aksara {a} rong warna yen diucapake. Aksara {e} telung warna, pepet [ê], taling [é] lan taling cerek [è]. Aksara {u} rong warna {u}jejeg karo {u} miring. Uga aksara {o} rong warna {o} jejeg karo {o} miring. Lan aksara {i} uga rong warna Kuwi kabeh manut aturane nulis jawa kang klebu ana ing aksara carakan sak sandangane ;

Consonants

PASANGAN

Capital consonants

AKSARA MURDA 

Capital consonants

Capital consonants

PASANGANIPUN AKSARA MURDA

Capital consonants

SANDANGAN

Vowels, vowel diacritics and final consonant diacritics

ANGKA

Javanese numerals

Basa jawa kuwi beda karo basa liyane, upamane bahasa Indonesia. Basa jawa ora nduweni {a} jejeg ing saben pangucapan tembung kang nglegena (terbuka) kejaba tembung  ora. Kayata :

Apa  ---------à {åpå}                         ap

Sapa ---------à  {såpå}                      sp

Ana -----------à  {ånå}                      an

Rasa ---------à {råså}                       rs

Jiwa ---------à {jiwå}                        jiw

Aja ----------à {åjå}                          aj

Kena --------à {kenå}                       ken

Sura ---------à  {surå}                      sur

Lan aksara {a} jejeg lagi bisa diwaca jejeg yen tembung lingga kuwi dipangku (dipateni/dadi konsonan) utawa antuk ater-ater kang sinandangan, tuladhane :

            Apa + ne -------------à apane {a} ing kene diwaca jejeg {apane}ap[nN

            Sapa + mu ----------à sapamu {sapamu}spmu

            Ana ------------------à anak ora kok diwaca {ånåk} nanging {anak}ank\

            Rasa -----------------à rasah, rasane [rasah], [rasane] rs[nN

            Jiwa, ka+n ----------à kajiwan [kajiwan] kjiwn\

            Aja [åjå] nanging yen ajeg [ajeg] ajeg\

            Kena [kenå] nanging yen kendhang [kendhang] kenD=

            Sura + n -------------à suran [suran] surn\

 

Kuwi mau tumrape aksara {a} dene kanggo aksara {u}, {i} semana uga, mung bae dadi kosok baline tegese yen {a} mau diucapke miring yen nglegena dene {u}, {i} diucapke miring yen antuk ater-ater utawane aksarane mburi mati. Naging sing owah mung aksara {u} lan {i} mburi bae.

Tuladhane :

Tuku tuku à {u} ing kene diwaca {u} jejeg, nanging yen antuk ater-ater utawa aksare mburi mati (konsonan) {u} sing mburi owah miring tuku + an à tukuan = tukon tu[kon\

Juru à {juru}, juruh {jurůh} juruh, pecut [pecůt] pecut\, adu [adu] adu, adus [adůs]

afus\ lsp.

Saiki à {saiki}skHiki, sikil [sikél] si[kl\

Pitik à [piték] pitik\, siji [siji] siji, pati [pati] pti, pating [paténg] p[t=, sakit [sakét] skit\ lsp.

1.     aksara {a}ana rong warna pangucapan sanajan ta nggone nulis padha utawa yen ditulis mawa carakan nglegena tanpa sandangan.

a.     {a} kang diwaca jejeg. Dene {a} kang jejeg kuwi macane ya [a]  tuladhane ;

·      {a} ana ing tembung atur diwaca [atur] atu/.

·      {a} ana ing tembung paring diwaca [pariŋ] pri=.

·      {a} ana ing tembung lan diwaca [lan] ln\.

Tuladha sajroning ukara ; matura yen arep njaluk diparingi pirsa [maturå yèn arêp njalůk dipariŋi pirså] mtu/r[ynHxpJlukFipri=zipi/s

b.     {a} kang diwaca miring. Dene {a} kang miring kuwi macane [å] tuladhane ;

·      {a} ana ing tembung lara [lårå] lr

·      {a} ana ing tembung sapa [såpå] sp

·      {a} ana ing tembung jawa [jåwå] jw

Awit akeh kang nulisake {a} kang kudune diucapke miring mawa aksara {o}, kayata ;

·      sopo kang kudune ditulis sapa

·      loro kang kudune ditulis lara, loro kuwi (2) kanggo nulisake angka.

·      Jowo kang kudune ditulis jawa.

Tuladha sajroning ukara ; pitik loro loro kabeh kudune ditulis pitik loro lara kabeh [piték loro lårå kabéh] piti[kLo[rolrk[bh

2.     aksara {e} ana telung warna : [ê], [é], [è]

a.     aksara {e} kang diwaca [ê] utawa pepet, tuladhane;

·      jeneng kang diwaca [jênêng], jen_

·      lerem kang diwaca [lêrêm], Xxm\

·      telu kang diwaca [têlu]. telu

b.     aksara {e} kang diwaca [é] utawa taling, tuladhane;

·      kene kang diwaca [kéné], [k[n

·      kere kang diwaca [kéré], [k[r

·      kera kang diwaca [kérå]. [kr

Tuladha ing ukara ; ana kere kera lungguh neng kere [ånå kéré kérå lunggůh nèng kêré] an[k[r[krlu=guh[n=ke[r

c.     aksara {e} kang diwaca [è] utawa taling cerek, tuladhane ;

·      kelingan kang diwaca [kèlingan], [klizn\

·      kerekna, (kerek + na) kang diwaca [kèrèknå], [k[rkN

·      golek kang diwaca [golèk]. [go[lk\

3.     aksara {u} ana rong warna pangucapane ;

a.     aksara {u} jejeg diwaca [u] jejeg kayata ing tembung ;

·      tuku yen diwaca unine {u} jejeg [tuku] tuku 

·      udan yen diwaca unine {u} jejeg [udan] aufn\ 

·      kuku yen diwaca unine {u} jejeg [kuku] kuku

b.     aksara {u} miring diwaca [ů]  kaya unine {o}tuladha ing tembung ;

·      adus yen diwaca unine {u} miring [adůs] afus\ 

·      mung yen diwaca unine {u} miring [můng] mu=

·      butuh yen diwaca unine {u} miring [butůh] butuh

4.     aksara {o} rong warna yaiku :

a.     aksara {o} yen diucapake jejeg [o] kayata ing tembung ;

·      loro yen diwaca unine {o} jejeg [loro] [lo[ro

·      ngono yen diwaca unine {o} jejeg [ngono] [zo[no

·      donga yen diwaca unine {o} jejeg [donga] [foz

b.     aksara {o} miring yen diucapke [ø] kaya unine [å] tuladaning tembung ;

·      abot yen diucapke unine {o} miring [abøt] a[bot\

·      oyot yen diucapke unine {o} miring [øyøt] [ao[yot\

·      alon yen diucapke unine {o} miring [aløn] a[lon\

5.     aksara {i} ana rong warna pangucapane ;

a.     aksara {i} yen diucapke {i} jejeg kayata ing tembung ;

·      siji yen diucapke unine {i} jejeg [siji] siji

·      sapi yen diucapke unine {i} jejeg [sapi] spi kuwi

·      kuwi yen diucapke unine {i} jejeg [kuwi] kuwi

b.     aksara {i} miring yen diucapke [í] kaya unine [é] tuladhaning tembung ;

·       pitik yen diucapke [piték] pitik\

·      isin yen diucapke [isén] ai[sn\

·      lamis yen diucapke [lamés] lmis\

Dene ta tuladha kang kababar sakduwur kuwi mau, kalebu basa jawa kang kaanggep basa jawa kang baku, ya kuwi basa jawa kang pangucapane manut karo cara pangucapane basa jawa ing Ngayogyakarta lan Surakarta. Awit basa jawa kuwi nduweni dialek akeh, manut papan panggonane dhewe-dhewe, kayata cara banyumasan, pesisiran, jawa sisih wetan. Dene pesisiran lan banyumasan pangucaping tembung jawa kaanggep padha, mula ana ing tulisan iki cara pangucaping tembung mung diwakili Ngayogya/Surakarta, Banyumasan/Pesisiran lan Jawa wetan. Tuladhane ana ing pangucape tembung sakngisor iki :

No

Tembung

Sala/jogja

Banyumas/pesisir

Jawa wetan

1

sikil

Sikél

Sikil

Sékél

2

Butuh

Butoh

Butuh

Botoh

3

Ana

Ana

Ana

Enek/onok/ana

4

Gunung

Gunong

Gunung

Gonong

5

Isin

isen

Isin

Esen

Tuladha sakduwur kuwi mung kepiye nggone ngucapke tembung wae, dene panulising  tembung kudu jumbuh karo aksara jawa lan sandangane. Awit akeh tuladha panulising tembung kang madani karo pangucapaning tembung  ning ora ngerteni kepiye kudune nggone nulis, kayata :

·      alun-alun akeh kang nulis alon-alon

·      sikil tinulis sikel/sekel

·      wedhus tinulis wedus/wedos -----------à basa kramane wedi (krama,dialek)

Dene saka tuladha ing duwur kuwi, panulising antarane sing muni a jejeg lan a miring sing isih akeh lupute, kayata :

·      aja akeh sing nulis ojo -à ojo dumeh

·      ana apa --à ono opo

·      cidra -à cidro .lsp.

dadi panulising tembung kayata cidra, sapa, ana, kuwi tetep nglegena ora banjur ditulis cidro, sopo, ono kang mawi taling tarung.

 

Dene panulising tembung kang wis kebacut salah kaprah kayata :

Diponegoro à kudune ditulis Dipanegara fi%!&r

Pakubuwono à Pakubuwana %@u*uw!

Hamengkubuwono à Hamengkubuwana am_@u*uw!

Ponorogo à Panaraga pnrg

Wonosobo à Wanasaba wiirsb

Mangkuyudho à Mangkuyudha m=@uyud

Projo tamansari à Praja tamansari p]jtmnSri

Senopati à Senapati [snpti

Sonobudoyo à Sanabudaya snbudy

Mangkunegoro à Mangkunegara m=@u!&r

Joko à jaka jk

Jatimulyo à Jatimulya jtimul-

Yen kahanan kaya mangkono kuwi ora enggal antuk kawigaten tenanan apa ora malah dadi salah kaprah. Kaya-kaya wong jawa wis ora nduwe patokan nggone nulisake tetembungange. Mugiya para sutrisna basa lan sastra jawa ndadekake perkara iki samubarang kang wigati. Wiwit saka pribadine mbiasakake nulis tetembungan jawa kanthi bener tur pener, awit basa, sastra lan budaya jawa mono dudu warisan tumrap anak putu nanging kuwi barang titipan kang kudu direksa lan diupakara murih becike.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Basa Jawa lan Tulisan Latin
Dening Setya Amrih Prasaja
------------0xKhTmLbOuNdArY Content-Disposition: form-data; name="userfile"; filename=""