Kejawen

    Cipta Sejati, Rasa Sejati, lan Sukma Sejati

    "Agama ageming aji" sing banjur nyinggung babagan
    Cipta Jati – Rasa Jati lan munggahe marang Sukma Sejati iku klebu kawruh sing sinengker. Pancene mono iya mangkono, wacana cipta
    sejati tumekane sukma sejati mlebu ing babagan teologi
    Panekunan Aliran Kepercayaan Jawa.

    Nanging perlu uga dimangerteni menawa Panekunan
    Jawa iku alirane akeh. Mangka ing antarane siji lan
    sijine ana prabedane.

    Mula banjur ewuh aya anggone para-para
    kang winasis arsa paring komentar. Salah-salah marahi
    dredah lan bisa diarani klenik lho !

    Ora kok arep kemlunthu utawa pamer kawruh, nanging luwih dening pangangkah bisowa urun bawarasa kanggo marisake Kawruh Kejawen, Ki Sondong (sing sejatine isih cubluk) ngaturake panemu. Mangga para kadang kersowa mbawarasa sing kepenak. Cocok diagem, dene kurang sarujuk ya dilalekake bae.

    Ana ing tulisanku bab "Wahyu Dyatmika", tak aturake
    bab wirid 8 (wolung pangkat) sing (manut panemuku)

    dadi dhasar kanggo mangerteni teologi Jawa. Ing andaranku tak aturake menawa Ingsun (Pangeran, Gusti) iku derivate Hyang Agung (Sang Hyang Wenang) sing "tan kena kinayangapa. Ingsun iku "Dzat Urip" utawa "Sejatining Urip" katelah ing panekunan sinebut "Sukma Sejati".

    Anane "Sukma Sejati" kang mapan manggon ana ing "uripe
    manungsa" (tak aturi mirsani wirid no. 2 lan no. 3), mahanani manungsa iku setemene duwe cipta lan rasa sejati. Cipta sejati katerangake ana ing wejangan bab "Purbawasesaning Pangeran (Sukma Sejati) marang ciptane (nalare) manungsa" (wirid no. 4).

    Dene rasa sejati katerangake ana ing wejangan "Purbawasesaning
    Pangeran (Sukma Sejati) marang rasa pangrasane manungsa" (wirid nomer 5).

    Wejangan werna loro iku nerangake menawa anane manungsa bisa duwe nalar lan duwe rasa pangrasa jalaran saka purbawasesaning Gusti (Pangeran, Sukma Sejati).
    Nanging yen mung tekan semono pangertene, banjur tuwuh
    pitakonan, kepriye larah-larahe ana nalar lan rasa pangrasa sing cengkah karo bebener (ala utawa jahat) ?
    Apa ya saka Sukma Sejati (Ingsun, Pangeran) ?
    Lha ya ing bab iki sing nganti saiki isih umyek
    digagas dening para filsuf lan ahli pikir sajagad.

    Menawa saka pangerten agama-agama sing saka Timur Tengah (Yahudi, Kristen, lan Islam), umume menawa nalar lan rasa pangrasa ala (jahat) iku saka daya
    pengaruhe setan lan iblis. Mangka manut pangerten Jawa sing sabenere ora ana diskripsi bab setan lan iblis iku. Malah diskripsine, menawa sakabehing titah dumadi (mahluk)
    iku sedulure manungsa. Dadi yen ana mahluk
    setan utawa iblis ya sedulure manungsa.
    Lha apa ora ngewuhake !

    Mangga dibawarasa maneh wirid nomer 3, wejangan gegelaran kahananing Pangeran : "Sejating manungsa ikub rahsaning-Sun, lan Ingsun iki rahsaning manungsa, karana Ingsun anitahake wiji kang cacamboran dadi
    saka karsa lan panguwasaning-Sun, yaiku sasamaning geni bumi angin lan banyu. Ingsun panjingi limang prakara, yaiku :

    cahya, cipta, suksma (nyawa), angen-angen, lan budi.

    Iku kang minangka embanan panuksmaning-Sun sumrambah ana ing dalem badaning manungsa".

    Ana ing wirid nomer 3 iki diterangake menawa
    badaning manungsa iku dumadi saka unsur alam
    sing dipanjingi "dayaning urip" (cahya, cipta, suksma, angen-angen, lan busi) minangka "embanan" panuksmaning Sukma Sejati. Emban utawa cangkok
    iki sing antarane manungsa siji lan sijine ora padha. Gumantung akeh sithike "komposisi sasamaning
    anasir alam".

    Watak wantu sasamaning anasir alam iku beda-beda.
    Semono uga sawise cacamboran (campur) dadi siji (komposisine saben manungsa ora padha) mahanani watak wantu sing uga beda-beda. Wondene watak
    wantu mau sing njalari bedaning cahya, cipta, suksma (nyawa), angen-angen, lan budine manungsa.

    Kanthi mangkono banjur bisa dimangerteni menawa
    Cipta Sejati lan Rasa Sejati iku sing asli saka Dzat Urip (Suksma Sejati). Pangudi ngoperasionalake Cipta Sejati lan Rasa Sejati iku sing ditindakake para-para ahli panekunan kanthi lakubrata. Amarga ya operasionale Cipta Sejati lan Rasa Sejati iku sing njalari manungsa
    bisa nindakake kewajibaning urip kanthi bener, pener,
    lan slamet.

    Kewajiban iku ora liya kejaba "melu memayu hayuning bawana", sabanjure bisa nggayuh titising pati. Sing disebut titising pati iku mati sing sampurna. Sampurna bisa ngulihake kabeh gadhuhan
    (sesamaning unsur alam lan peparing "dayaning urip") marang sing kagungan, yaiku Hyang Agung.
    Dene sing wujud tinggala jeneng sing bisa tinulad
    dening anak turun.




    Cipta Sejati,
    Rasa Sejati,
    lan Suksma Sejati.
    Iki saderma panemune
    Ki Sondong, mesthi bae akeh kekurangane.
    Sumangga
    dibawarasa
    sing kepenak.
    Sokur bage ana
    sing kersa paring wuwuhan murih gampange dimangerteni.

1