WIRANGRONG

 

Den samya marsudeng budi, wiweka dipun waspaos, aja dumeh bisa muwus, yen tan pantes ugi, sanadyan mung sekecap, yen tan pantes prenahira.

Kudu golek masa ugi, panggonan lamun miraos, lawan aja age sira muwus, durunge den kesthi, aja age kawedal, yen durung pantes lan rowang.

Rowang sapocapan ugi, kang pantes ngajak calathon, aja sok metuwo wong celatu, ana pantes ugi, rinungu mring wong kathah,  ana satengah micara.

Tan pantes akeh ngawruhi, mulane lamun miraos dipun ngarah-arah ywa kabanjur, yen uwis kawijil, tan kena tinulutan, mulane dipun prayitna.

Lan welinge wong ngaurip, aja ngakehken supaos, iku gawe reged badanipun, nanging masa mangkin, tan ana itungan prakara, supata ginawe dinan.

Den padha gemi ing lathi, aja ngakehke pepisoh, cacah cucah erengen ngabul-ngabul, lamun tan lukani, den dumeling dosanya, mring abdi kang manggih duka.

Lawan padha den pakeling, teguhna lahir batos, aja ngalap randhaning sadulur, sanak miwah abdi, karsa rewang sapasang, miwah maring pasanakan.

Gawe salah graitaning, ing liyan kang sami anom, nadyan lilaa lananganipun

kang  angrungu elik, ing batin tan pitaya, masa kuranga wanodya.

Tan wurung dipun cireni, ing batin ingaran rusoh, akeh jaga-jaga jroning kalbu, arang ngandel batin, ing tiyase padhasuda, pangandele mring bendara.

Anu cacat agung malih, anglangkungi saking awon, apan sakawan iku  akeh pun, dhingin wong madati, pindho wong ngabotohan, kaping tiga wong durjana.

Kaping sakawane ugi, wong ati sudagar awon,mapan suka sugih watekipun,ing rina lan wengi, mung batine den etang alumuh lamun kalonga.

Iya upamane ugi, duwe dhuwit pitung bagor, mapan nora marem ing tyasipun, ilanga sadawa, gegetun patang warsa, padha lan ilang saleksa.

Wong ati sudagar ugi, sabarang prakoro tamboh, among yen ana wong teka iku, anggegawe ugi, gegadhen pan tumranggal,ulate teka sumringah.

Dene wong durjana ugi, nora ana kang den batos, rino wengi mung kang den etung, duweke liyan nenggih, dahat datan prayoga, lamun wateke durjana.

Dene bebotoh puniki, sabarang pakaryan lumoh, lawan kathah linyok para padha, yen pawitan entingtan wurung anggegampang, ya marang darbeking sanak.

Nadyan wasiyating kaki, nora wurung dipun edol, lamun menang ending gawe angkuh, pan kaya bopati, wewh tabn ngarah arah, punika awoning bangsat,

Kepatuh pisan memaling, tiniteran saya awon, apan boten wonten panedinipun, pramilane sami, sadaya nyinggahana, anggegulang ngabotohan.

Dene ta wong kang madati, sesade kemawon lumuh, amng ingkang dados senengipun, ngadhep diyan sarwi, linggih ngamben jejegang, sarwi leleyang bebuden,

Yen leren nyeret midis, netrane pan merem karo yen wus ndadi awake akuru, cahya biru putih, njalebut wedi toya, lambe biru untu petah.

Beteke satron lan gambir, jambe suruh arang wanuh, ambekane sarwi melar mingkus, watuke anggigil, jalagra aneng dhadha, tan wurung ngestop boliro.

Yen mati nganggo ndalinding, suprandene nora kapok, iku padha singgahana patut, ja ana nglakoni, wong mangan anyun ala, uripe dadi tontonan.

Iku kabeh nora becik, aja na wani anganggo, panggawe patang prakara iku, den padha pakeling, aja na wani nerak, kang nerak tan manggih arja.

Lawan ana waler malih, aja sok anggung kawuron, nginum, sajeng tanpa masa iku, dadi lire ugi, angombe saben dina, pan iku watake ala.

Lan aja karem sireki, ing wanodya ingkang awon, lan aja mbuka wadi siraku, ngarsaning pawestri tan wurung nuli corah, pan wus lumrahing wanita.

Tan bisa simpen wewadi, saking rupake ing batos, pan wus pinancideneng Hyang Agung, nitahken pawestri, apan iku kinarya, ganjaran marang wong priya.

Kabeh den padha nastiti, marang pitutur kang yektos, aja dumeh tutur, tanpa dapur, yen bakale becik, den anggo  weh munfaat, kaya Pucung lan kaluwak.

~ *** ~