Tanah JAWI

>>Kanjuruhan


Rubrikasi - Mawas Diri
Serat Paramayoga
Crita Wiwitane Tanah Jowo

SERAT Paramayoga asil kasusastran jaman Surakarta. Serat iki karepe nggabungake budaya saka tanah Indhu lan tanah Arab, nanging Prof Dr RM Ng Poerbatjarara ing Kapustakan Djawi nyebutake kangelan olehe nggoleki babone sing saka tanah Indhu apadene tanah Arab.
Pandugane Prof Dr RM Ng Poerbatjaraka sing dadi babon serat Paramayoga, serat Kandha.Kapustakan Djawi miwiti ngrembug serat Paramayoga kanthi nyebutake serat
kasebut kayadene Inleiding mangkono, unine:

“Serat Paramayoga menika nyariosake lalampahanipun
Kangjeng Nabi Adam kaliyan lalampahan sarta
terah-tumerahipun para dewa, ing salajengipun ngantos
dumugi carios wiwitanipun tanah Djawi dipundunungi manungsa.
Menggah wawatonipun mendhet saking carios ingkang
kocap ing serat Jitapsara, anggitanipun Bagawan
Palasara ing Ngastina, saking anggenipun nukil
suraosipun Pustaka Darya, babon saking tanah Indhu,
lajeng katepangaken kaliyan suraosipun kitab
Niladuniren, babon saking Najran, sarta kitab Sitatul,
babon saking Selan ... Ananging suraosipun kitab-kitab
wau kapethikaken ingkang wonten cariosipun tumrap ing
serat-serat Paramayoga kemawon, saha mawi anukil
sakathahing hikayat, utawi riwayat, lajeng katurutaken
kaliyan etangan taun srengenge sarta taun rembulan.
Urutipun carios kados ing ngandhap menika.” Sabanjure
Kapustakan Djawi atur uninga, yen sing disebut serat
Jitapsara anggitane Bagawan Palasara ing Ngastina,
sangertine Prof Poerbatjaraka ora ana. Ana sing
jenenge serat Jitapsara, nanging kuwi serat anggitane
R Ng Ranggawarsita.
Semono uga sing disebut serat Pustaka Darya, babon
saka tanah Indhu, kuwi sangertine Prof Poerbatjaraka
ya ora ana. Dene bab serat-serat sing nganggo jeneng
Arab, panaliti kasusatran Jawa Kuna iki ora bisa
menehi katrangan apa-apa. Saka pangakune dhewe, marga
cupet kawruh bab kitab-kitab Arab. Serat-serat sing
dipratelakake ana ing serat Paramayoga kuwi ana tenan
apa ora, Prof Poerbatjaraka mung nyumanggakake marang
para winasis.
Ing sanyata-nyatane, serat Paramayoga manut Kapustakan
Djawi babone saka serat Kandha. Serat iki dening R.Ng
Poerbatjaraka digawe basa gancar, diwangun, diowahi,
ditambahi akeh banget. Tambahan kuwi saperangan saka
olehe R Ng Ranggawarsita saka ngrungokake critane
mitrane bangsa Walanda CF Winter lan Cohen Stuart.
Kayata bab jeneng-jeneng saka ilmu bumi kayata Laut
Kaspi, Gunung Kaukasus lan sapanunggalane.
Tambahan liyane saka R Ng Ranggawarsita kang cinathet
dening Prof Dr RM Ng Poerbatjaraka yakuwi tunggale
nama Adam, kadadekake At-hama kaya-kaya jeneng
Sanskirt saka tanah Indhu. Jeneng At-hama ing kawruh
kadewan Indhu, manut prof panliti sastra Jawa Kuna
kuwi ora ana. Atman tembung atman sing asring dianggo
ing filosofie Indhu, nyawa, jiwa, urip.
Banjur ngenani pratelan bab taun surya lan rembulan
kuwi uga imbuhan saka R Ng Ranggawarsita dhewe. Ing
tanah Jawa sadurunge taun 1555, jaman Sultan Agungan,
taune mung taun surya, kaya sing isih kanggo ing tanah
Bali jaman saiki. Sabanjure Kapustakan Djawi nyuplik
pungkasane serat Paramayoga unine mangkene:
“Kacarios sareng dumuginipun taun Indhu saking jaman
Pancama-kala angka 768 taun Adam angka 5154 ing taun
srengenge utawa 5306 ing taun rembulan,
panjenenganipun Prabu Isaka, ratu ing nagari Surati
tanah Indhustan, inggih menika ingkang sinebut nama
Aji Saka, nagarinipun kabedhah ing mengsah.
Sang Prabu lajeng jengkar saking praja ngungsi ing
wana, dumuginipun wana dipunpanggihi ingkang rama
Bathara Anggajali, sang prabu dhinawuhan amaratapa
dhateng pulo ingkang suwung,prenah kidulwetanipun
tanah Indhu, sang prabu lajeng mangkat dhateng pulo
suwung, inggih menika pulo Jawi. Sarawuhing pulo Jawi,
sang prabu lajeng asesilih nama Empu Sangkala.”
Tekan semono enteke crita kang kapacak ing serat
Paramayoga. banjur nyandhak crita kang kapacak ing
serat Pustakaraja purwa, tamat. Prof Poerbatjara
ngambali serat Paramayoga kuwi wose serat Kandha
kagawe gancar mawa owah-owahan lan tambahan, manut
pangrungu lan kaparenge R Ng Ranggawarsita. Serat
Paramayoga wis kacithakake kanthi aksara Jawa taun 1922.

(Warisman/Top) .
http://www.kedaulatan-rakyat.com/article.php?sid=57146